Sagung
para tamu saha para rawuh ingkang minulya, ngaturi uninga bilih pangombyong
temanten putri sampun rawuh, panjenengan sedaya kasuwun jumeneng sawatawis paring
pakurmatan rawuhipun pangombyong temanten putri.
Pahargyan temanten
Salam
Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Bismillahirrohmannirrohim.
Alhamdulillahi robil’alamin
…………………………………….
1.
Ngarsanipun para kyai, para alim, ulama’ ingkang pantes
kalamun tinulat tinuladha dhumateng kawula mudha tumaruno, ingkang siang ratri
tansah sumandhing kitab suci wahyu illahi, minangka pandam pandoming kiblat
manembah mring Gusti ingkang Maha Kuwasa nenggih Allah SWT, ingkang tuhu
kinabekten.
2.
Ngarsanipun para sepuh pini sepuh saha para pepundhen, ingkang tuhu memetri dhumateng
bebuden luhur, ingkang dhahat sinudarsana.
3.
Panjenenganipun bapa Besan dalasan ibu tuwin pangombyong
ingkang kinurmatan.
4.
Para lenggah kakung sumawana putri, langkung-langkung Bpk.H.
Budi Sutikno sekaliyan ingkang hamengku gati, ingkang kebak ing suka basuki.
Kepareng kula nggempil kamardikan panjenengan sedaya,
ingkang katemben wawan pangandika awit, kula minangkani pamundhutipun Bpk.H.Budi Sutikno sekaliyan Ibu Hj.
Sudaryati, sinaraya atur pambiwara rantamaning hadicara pahargyan prasaja ingkang
sampun rinacik dening kulawarga nun inggih, panjenenganipun Bpk.H.Budi Sutikno sekaliyan, ingkang hanetepi jejering tiyang
sepuh mahargya putra amiwaha siwi, putranipun ingkang asesilih Bagus
Fauzi Adi Saputra,SE ingkang sampun kalampahan dhaup kaliyan Rara
Ayu Sri Subasita Nurul Fitroh putra putrinipun Bpk.H.Zawawi, mijil saking tlatah Dusun Klitih., Karangrejo. Bonang,
Parandene
reroncening hadicara ingkang sampun rinacik dening kulawarga nun inggih :
1.
( Pambuka minangka
adicara ingkang sepisan )
2.
Miyosing Temanten
sarimbit saking sasana wangi kalenggahaken ing sasana rinengga.
3.
Atur Pasrah
saking temanten putri
4.
Atur panampining
pasrah saking temanten kakung
5.
Sabda tama /
Mauidhoh hasanah kalajengaken donga
6.
Boyong/ bedhol
temanten saking sasana rinengga
7.
Jawat Asta
Salam-salaman utawi atur pangestu dhateng ingkang
mengkugati
8.
Purna.
1
Para tamu kakung
sumawana putri ingkng minulya.
Amrih gancar lancaring hadicara, purwa, madya, wasana,
kula dherekaken manungkupuja sesarengan, nut satataning agami Islam, kanthi
pangucaping ummul kitab, bilih hadicara kawiwitan, bibarokatil fatihah …….
2
Ndukap acara
kaping kalih, mijiling temanten sarimbit kakanthi dening ibu juru sumbaga
tumuju ing sasana rinengga, kabiwaldha ungeling gendhing ktw. Puspawarna
….., nyandra ( binarung swaraning ….), penganten putrid wus prapta ing sasana
rinengga, katon lenggah hanggana raras.
3
Atur Pasrah
saking temanten putri
Dhumateng ngarsanipun Bpk ………. Minangka duta
cakaraning panjenenganipun Bpk. Bpk.H.Zawawi
Sekaliyan ingkang badhe atur pasrahing temanten kakung.
kasuwun
satata ing dhiri sawega ing gati tumuju ing sasana ingkang sampun samapta.
sumangga
4
minangka
panampining pasrah. Dhumateng ngarsanipun Bpk.Kyai
H. Azari Zaeni,M.Ag saha Bpk.H.Budi Sutikno sekaliyan kasuwun
satata ing dhiri sawega ing gati tumuju ing sasana ingkang sampun samapta. Sumangga
5
Para lenggah
ingkang minulya, temanten sarimbit lenggah kanthi bingahing manah, sampun
siyaga nampi seserepan saking para sepuh, amrih waluyaning anggenipun mangun
bebrayan, ingkang badhe kawedhar panjenengannipun AlMukarom Bpk. Kyai H. Rizal
Afthoni,M.Pd ingkang kinabekten,
kasuwun tumuju ing sasana ingkang sampun samapta , paring wejangan dumatheng
temanten sarimbit, kalajengaken donga , sumangga…
6.
Dhumawahing
adicara Boyong temanten.
Dhumateng ngarsanipun Bapa saha Ibu …….. tuwin kadang
wandana, kasuwun jengkaraken temanten sarimbit kakanthi tumuju ing sangajenging
kori pawiwahan kabiyantu panjenenganing Ibu Pangadi Busana. ……..
7.
Panutup.
Sagung para lenggah ingkang minulya.
Minangka ingkang hamengku karsa matur agunging panuwun
dhumateng panjenengan sami ingkang sampun paring sabiyantu arupi punapa ke
mawon, saha nyuwun pangaksami awit nglenggana, taksih kathah ing kekirangan
tumrap ing panampi, lungguh, saha suguh ingkang kirang mranani ing panggalih
panjenengan sami. Dene kula ingkang mratitisaken laksitaning hadicara kirang
tatas, titis, saha kirang suba sita awit, taksih cibluk ing kawruh cupet ing
pamawas, purwa madya lan wasana, kula tansah nyadhong sih lumunturing
pangaksama ingkang tanpa pepindan, pungkasing atur kasuwun kanthi sesarengan
atur pepuji dhumateng Gusti,
kanthi
waosan : Alhamdulillahi
robbil’alamiin.
Billahittaufik walhidaayah
Wassalamu’alaikum. Wr. Wb.
Nuwun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar